Senin, 05 November 2012

Sesorah Bab Kabudayan Jawa


Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarokatuh.
       Nuwun, kepareng dhumateng Bapak/Ibu Kepala SMA .... ingkang dahat kinabekten, Bapak, Ibu Guru, Karyawan saha para tamu undangan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X, XI, saha XII ingkang kula tresnani,
       Kasugengan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sami. Kepareng sumela atur, saha nyuwun agunging pangapunten kula kumawatun ngadheg wonten ngarsa panjenengan, saha nngempil kamardikan panjenengan ingkang nembe lenggah sekeca wawan pangandikan.
       Sumangga ingkang kapisan kula panjenengan sami, tansah manungka puja miwah puji syukur dhumateng ingkang Maha Kuwaos awit sampun maringaken berkah pangestu dhumateng kula panjenengan sami, saengga saged makempal manunggal ing papan punika.
       Salajenganipun, kepareng kula ngaturaken sesorah babagan Kesenian Tradisional Ngayogyakarta ingkang sampun ical saking jiwa para kawula muda.
       Kesenian tradisional ing Ngayogyakarta menika kahtah sanget, tuladhanipun kesenian tari gambyong, wayang, gamelan, lan sanesipun. Nanging, amargi kawula muda menika sampun mboten purun sinau lan mboten seneng kaliyan kesenian dhangka, kesenian tradisional ing Ngayogyakarta menika kedah dados ical, mboten kathah malih bebasan jaman disik. kathah kawula muda mboten gegayuhan dados tiyang ingkang kedah jaga kebudayaan Ngayogyakarta menika. Kawula muda sak menika sampun kedanan kaliyan budaya negara sanesipun. amargi punika, kesenian tradisional dados ical. Kawula muda nganggep kesenian tradisional menika bab ingkang 'jadul' utawi kuna. Nanging, anggepan punika kelentu. Kesenian tradisional menika kedah dijaga kanthi lestari, supados Ngayogyakarta menika pancet dados Ngayogyakarta ingkang gadah kathah kesenian tradisional. Amargi bab punika, ing sekolah-sekolah ing Yogyakarta menika gadah pelajaran Basa Jawa lan pelajaran babagan kesenia Ngayogyakarta inggih menika ancasipun kawula muda saged nglestariaken kesenian Ngayogyakarta.
       Ingkang punika, mangga kula panjenengan sami, siswa SMA.... kedah nglestariaken badaya ing Ngayogyakarta supados mboten ical saka jiwanipun Ngayigyakarta.
       Menika sesorah ingkang saged kula asung, menawi wonten lepat kula nyuwun agunging pangapunten.
       Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarokatuh



1 comments:

Unknown mengatakan...

gan tolong lah di invite blog saya.
jansenmanullang.blogspot.com